Tesih kemutan hape kie ora lur? Nokia 3310? Hape cliring sing bentuke bentek tapi batrene awet. Jaman semono pasa anyar anyare metuan hape kue tesih dadi barang mewah. Padahal anu kur bisa nggo smsan karo telponan. Digawa nggo dolan gaul banget lur.
Pas dong jaman semono taun rong ewuan, pulsa tesih larang lur. Hape kue nek ora ana pulsane, bisane nggo dolanan uler uleran. Permainan liane ya sing ora kalah maen kue tembak tembakan pesawat. Pesawat ngoyoki monster karo aja ngasi nabrak. Nek nabrak game over. Nek ora dolanan kue, hapene bisa nggo gawe nada dering. Sing biasane suara jangkrik kae, diganti dadi lagu kesenengan. Nang koran nek ora nang tabloid hape pas jaman mbien kue, nyusun dewek nada dering. Bisa nggo ngisi waktu luang pas lagi ora due pulsa.
Selain ana permainan sing kue kue bae, hape nokia 3310 juga anteb. Dicekel cemekel lur. Tiba bola bali, ora rusa rusak. Nek ora sengaja tapi. Nek tiba kang wit glugu ya gelem pecah kue hape. Batrene ya lur, gelem rong dina awete. Ana maning ya lur, kesinge hape kue bisa diganti ganti. Warna warni ngasi sing transparan.
Hape sing lahire tanggal 1 September tahun 2000 kue, jere pabrik Nokia payu ngasi 126 juta hape. Akeh mbok lur, nggo tuku kembang gula gelem entuk atusan trek kue batine.
Nah nang jaman hape canggih canggih siki, Hape Nokia 3310 metu maning lur. Dadi pas nang acara pameran hape sedunia (Mobile World Congress) nang Barcelona Spanyol Selasa 28 Februari 2017, Hape Nokia 3310 digawe maning. Bedane mandan canggih sending. Bentuke memang mirip persis, cuma mandan tipis. Hape nokia 3310 versi mbien kang ora berwarna. Nek metuan sing anyar siki berwarna lur.
Hape Nokia 3310 versi anyar kue nang bagian mburine juga ana kamerane, tapi resolusine cilik mung 2 Mega Pixel. Tambahane Flash cilik, mungkin bisa dadi senter pas mati lampu. Ana slot nggo micro SD juga lur. Dadi kena nggo nyetel MP3.
Sayange jaringane kur 2G, dadi kayane nek nggo internetan mandan lemot. Sing ora ilang ya permainan uler uleran kue karo pesawat tembak tembakan. Pilihan warnane kur abang, kuning, biru, karo abu abu.
Durung genah kapan hape nokia 3310 versi anyar didol nang Indonesia, tapi jerene kue hape regane nang luar negeri sekitar 52 dolar Amerika, nek dirupiahna sekitar 700 ewuan.