
NEW DELHI, SERAYUNEWS-Dina kiye, Kemis (20/8/2026) ana 8 wakil Indonesia sing arep main ning lomba badminton BWF World Championships. Rika pada, bisa nonton ning vidio.com. Tapine kudu langganan disit alias tuku paket sing disediakna vidio.com.
Wakil Indonesia kuwe main neng babak enem belas besar. Kaya tulisan sing ning website BWF, jadwal pertandingane kaya kiye:
Lanang Dewekan:
Jam 17.00 WIB: Rasmus Gemke (Denmark) lawan Jonatan Christie (Indonesia)
Jam 17.50 WIB: Ayush Shetty (India) lawan Alwi Farhan (Indonesia)
Wadon Dewekan:
Jam 18.00 WIB: Putri Kusuma Wardani (Indonesia) lawan Line Christophersen (Denmark)
Lanang Lanang:
Jam 18.50 WIB: Jhe-Huei Lee / Po-Hsuan Yang (Taiwan) lawan Sabar Karyaman Gutama / Muhammad Reza Pahlevi Isfahani (Indonesia)
Jam 19.40 WIB: Min Hyuk Kang / Dong Ju Ki (Korea Selatan) lawan Fajar Alfian / Muhammad Shohibul Fikri (Indonesia)
Wadon Wadon:
Jam 13.50 WIB: Rachel Allessya Rose / Febi Setianingrum (Indonesia) lawan Yuki Fukushima / Mayu Matsumoto (Jepang)
Jam 14.30 WIB: Febriana Dwipuji Kusuma / Meilysa Trias Puspitasari (Indonesia) lawan Pearly Tan / Thinaah Muralitharan (Malaysia)
Lanang Wadon:
Jam 15.30 WIB: Hong Wei Ye / Nicole Gonzales Chan (Taiwan) lawan Amri Syahnawi/Nita Violina Marwah (Indonesia)
Tapine jadwal pertandingan dina kiye bisa bae ora pas wektune. Sebabe, ning lomba badminton, wektu maine ora bisa dipastekna. Bisa bae lombane rampung suwe, tapi ya bisa rampung cepet. Moga-moga bae, wakile Indonesia bisa menang. Syukur-syukur mengkone bisa dadi juara.