
NEW DELHI, SERAYUNEWS-Lur, wingi mbokan ana 8 wakil Indonesia neng BWF World Championships. Tapi siki gari lima sebabe sing telu wingi kalah. Lha, sing lima kuwe bakal main maning dina kiye, Jemuah (21/8/2026) neng New Delhi India.
Sedurunge ngomong bab jadwal lomba badminton BWF World Championships, cerita mula bukane wingi kaya kiye. Ana 8 wakil Indonesia main neng lomba badminton BWF World Championships, Kemis (20/8/2026).
Sekang 8 wakil kuwe, 3 wakil dipeksa balik kampung sebabe ya kalah karo lawane. Pemain lanang dewekan Jonatan Christie kalah 1-2 karo Rasmus Gemke sekang Denmark.
Asline ya, Jonatan Christie wis gentawilan ora karuan. Wis nganah ngeneh guli nggudak kok. Tapi ya durung rejekine. Sabar ya Jo, sapa ngerti lomba ngarepe rika bisa juara.
Terus pemain wadon dewekan Putri Kusuma Wardani ya kalah sekang Christophersen 0-2. Christophersen ya sekang Denmark. Bar kuwe, pemain lanang lanang Sabar Karyaman Gutama/M Reza Pahlevi Isfahani kalah 0-2 sekang Lee JH/Yang PoHsuan (Taiwan).
Dina kiye ana lima wakil Indonesia sing arep main neng babak perempatfinal. Kaya tulisan sing neng website BWF, jadwal pertandingane kaya kiye:
Jam 19.30 WIB: Alwi Farhan (Indonesia) lawan Chou Tien Chen (Taiwan)
Jam 18.40 WIB: Jhe-Huei Lee / Po-Hsuan Yang (Taiwan) lawan Fajar Alfian / Muhammad Shohibul Fikri (Indonesia)
Jam 12.50 WIB: Yi Jing Li / Xu Min Luo (China) lawan Rachel Allessya Rose / Febi Setianingrum (Indonesia)
Jam 13.40 WIB: Febriana Dwipuji Kusuma / Meilysa Trias Puspitasari (Indonesia) lawan Ha Na Baek / So Hee Lee (Korea Selatan)
Jam 12.50 WIB: Po-Hsuan Yang / Ling Fang Hu (Taiwan) lawan Amri Syahnawi / Nita Violina Marwah (Indonesia)
Jadwal pertandingan dina kiye bisa bae ora pas wektune. Sebabe, neng lomba badminton, wektu maine ora bisa dipastekna. Bisa bae lombane rampung suwe, tapi ya bisa rampung cepet. Moga-moga bae, wakile Indonesia bisa menang. Syukur-syukur mengkone bisa dadi juara.
Oiya siji maning, lur. Rika pada bisa nonton pertandingane neng vidio.com. Tapi ya kudu langganan disit alias tuku paket sing ditawarna vidio.com.